SERAT DUMATENG sdr. SUKARSA
Guru Taman Siswa, Ngayogyakarta
WIRIDAN
Nalika pepanggihan ingkang kantun piyambak wonten ing langgar, andadosaken uwet sampeyan, awit kala semanten lajeng ngrembag teori ingkang tanpa guna.
Kula puji mugi serat punika saged ngicalaken semplah sampeyan.
SEMPLAH,
punika namung jalaran sayah-ing pikiran, boten langgeng.
Kados dene tiyang sayah boten kadugi malih nglajengaken pedamelan.
Ananging sayah-ing otot punika namung sadinten kalih dinten. Dene sayah-ing pikir asring wulanan. Sayah-ing otot mantun dipun pijeti tangan, dene sayah-ing pikiran dipun pijeti mawi pangertos leres.
Sasampunipun punika lajeng kula bade mratelakaken margi ingkang leres, mawi kula jejeri THEOSOFIE, amrih saged nimbang.
Yen sampun mangertos,
terang yen katurutane karep punika boten damel begja, (miturut lelampahan ingkang kapengker kanti dayaning sarana mawi petangan ilmu matematika), mongka sampeyan dumuk piyambak karep sampeyan dipun tudingi (boten dipun kanta).
Conto: aku sesuk yen wis anu, banjur anu, anu. Temtu lajeng sirna (Ø).
Yen kasawang mawi raos tanpa demen-sengit, ateges: si-Karep iki dudu si-Rasa Aku.
Anggenipun nudingi mawi pangertos (KENA, ORA MATIRI).
Inggih punika ingkang dipun wastani weweka.
YEN TIYANG BUDDHA mastani MEDAL SAKING KORINING PIKIRAN.
Nalika punika karaos sarira awit geter, mila kasarengan raos tentrem, alias punapa-kadugi, kosok wangsulipun semplah.
Sampeyan taliti piyambak wujud-wujude si Karep:
Ing saiki-kene sampeyan sampun ngrangket "rajaning sadaya gegayuhan."
Inggih punika:
NYAI KOPEKIPUN KANJENG SINUHUN KANJENG SULTAN AGUNG,
CACINGIPUN SITI JENAR.
Ingkang ngalang-alangi sagedipun sumerep NYAI-KOPEK (=AWAKIPUN PIYAMBAK) punika raos wirang. Awit penyananipun tiyang punika awakipun piyambak sae, mongka jebul awon tur saru.
Punika asring dangu, asring sakedap, asring wulanan utawi dintenan.
Tinarbuka raos weruhipun punika kalampahan nalika kepanggih utawi bingah ingkang sanget.
BAB SUSAH, wot gelinggang-ipun Sunan Kali:
Awang-awang ingkang kula lampahi,
uwung-uwung tebih tan kantenan,
ulun saparan-parane,
tan dulu ing lor kidul,
wetan kilen datan udani,
ing nginggil myang ing ngandap,
ing ngarsa myang pungkur,
kawula datan uninga,
langkung bingung,
ngandika Sang Dewa Ruci,
si raos Aku Nyawang haywa miras tyasira.
Pada ingkang wingking piyambak pangandikanipun Sang Guru, mangertosipun
"susah sing aku ora kuwat iku ora ana."
MALAH SUMBAR MAKATEN:
susah sajagad iku kumpulna,
banjur byuk-na neng atiku,
ora-oranenek tak munasika,
ora arep tak perangi.
Yen saben susah punika dateng,
dipun tampeni makaten, temtu GUSTI YESUS lajeng lahir.
RAOS BEGJA marga KRAOS WERUH punika BOTEN SAGED KA-TEMBUNG-AKEN.
Ing mangka adatipun manungsa yen nandang kasusahan lajeng nutuh-nutuh ing liyan, utawi mupus ing pepesten, tur tanpa guna,
sebab,
nutuh punika "picak-raos sing adedasar ora percaya - tanpa butuh analiti."
mupus "picak-raos sing adedasar percaya tanpa ngerti (percaya-tanpa-panaliti)."
Dene yen sapisan anggenipun nampeni kasusahan mawi "raos tatag-tentrem sing adedasar "krasa-ngerti-weruh piyambak", yen kasusahan punika nul.
Awit saking punika andadosaken sigar-ing pilahipun wateg-wateg kahewanan lan wateg-wateg kadewatan.
Pramila,
raos palastra (patine raos kahewanan) dados margining jejer raos Aku-nyawang-ipun.
SAKBADANING MAKATEN, lajeng sumpah:
andadosaken sumerep dateng barang ingkah boten sakeca linampah.
Nalika angsal coban, lajeng gadah kinten yen kawontenan ing lelampahan lan barang-barang" punika saged ngrencangi utawai ngalang-alangi.
Kula ngantos gemes saingga kula ajani zeg Juffrouw, iya si Rasa Aku Nyawang iki si Pepunden, si guru Dewaji, ananging meksa trimah milih tetep dados ingkang memundi lan ingkang me-Guru kemawon, temtu pinanggih, piyambakipun milih ("karep") sing becik wae, pramila mesti angsal sing ala.
Anggenipun merangi raos "milih-nyingkiri" sarana sabda "sing apa-apa kwi dudu Aku" sanadyan si Karep mbyang-byangan.
Inggih punika anggledahi dampar-ing raos Aku-Nyawang.
SAKBADANIPUN PUNIKA gapura kencana ingkang nomer kaling temtu menga.
Dumugi semanten kemawon. Benjing yen kepanggih malih dipun lajengaken. Mugi-mugi, raos hoyag-hayig sampeyan sampun malih dados raos tatag-tentrem.
Nyela: boten dangu malih sang Pepadang bade "rawuh" ing paman Dewantara.
nir titi
rakanta,
wg Suryamentaram

- raos emoh kangelan lan
- raos sawenang-wenang
Ing saiki-kene sampeyan sampun ngrangket "rajaning sadaya gegayuhan."
Inggih punika:
NYAI KOPEKIPUN KANJENG SINUHUN KANJENG SULTAN AGUNG,
CACINGIPUN SITI JENAR.
Ingkang ngalang-alangi sagedipun sumerep NYAI-KOPEK (=AWAKIPUN PIYAMBAK) punika raos wirang. Awit penyananipun tiyang punika awakipun piyambak sae, mongka jebul awon tur saru.
Punika asring dangu, asring sakedap, asring wulanan utawi dintenan.
Tinarbuka raos weruhipun punika kalampahan nalika kepanggih utawi bingah ingkang sanget.
Foto: http://djadoelantik.blogspot.com |
Awang-awang ingkang kula lampahi,
uwung-uwung tebih tan kantenan,
ulun saparan-parane,
tan dulu ing lor kidul,
wetan kilen datan udani,
ing nginggil myang ing ngandap,
ing ngarsa myang pungkur,
kawula datan uninga,
langkung bingung,
ngandika Sang Dewa Ruci,
si raos Aku Nyawang haywa miras tyasira.
Pada ingkang wingking piyambak pangandikanipun Sang Guru, mangertosipun
"susah sing aku ora kuwat iku ora ana."
MALAH SUMBAR MAKATEN:
susah sajagad iku kumpulna,
banjur byuk-na neng atiku,
ora-oranenek tak munasika,
ora arep tak perangi.
Yen saben susah punika dateng,
dipun tampeni makaten, temtu GUSTI YESUS lajeng lahir.
RAOS BEGJA marga KRAOS WERUH punika BOTEN SAGED KA-TEMBUNG-AKEN.
Ing mangka adatipun manungsa yen nandang kasusahan lajeng nutuh-nutuh ing liyan, utawi mupus ing pepesten, tur tanpa guna,
sebab,
nutuh punika "picak-raos sing adedasar ora percaya - tanpa butuh analiti."
mupus "picak-raos sing adedasar percaya tanpa ngerti (percaya-tanpa-panaliti)."
Dene yen sapisan anggenipun nampeni kasusahan mawi "raos tatag-tentrem sing adedasar "krasa-ngerti-weruh piyambak", yen kasusahan punika nul.
Awit saking punika andadosaken sigar-ing pilahipun wateg-wateg kahewanan lan wateg-wateg kadewatan.
Pramila,
raos palastra (patine raos kahewanan) dados margining jejer raos Aku-nyawang-ipun.
SAKBADANING MAKATEN, lajeng sumpah:
- KAREP, saiki AKU ora demen apa-apa liyane kowe.
- KAREP, saiki AKU ora neja manut sapa-sapa liyane kowe, marga kowe wis mesti klerune.
- KAREP, saiki AKU wis ora duwe sapa-sapa liyane kowe, sing tak sawang-sawang mung kowe, AKU ora bisa begja nek ora nyawang kowe.
andadosaken sumerep dateng barang ingkah boten sakeca linampah.
Nalika angsal coban, lajeng gadah kinten yen kawontenan ing lelampahan lan barang-barang" punika saged ngrencangi utawai ngalang-alangi.
- GUGON-TUHON punika ngandelaken lampah utawi sirikan sae utawi awon. Pangudasmaranipun GUGON-TUHON makaten: basa aku mau ora muja semedi, rak atiku banjur deg-degan bae.
- Tan ana samubarang sing bisa munasika marang si Rasa Aku, amgnkono pangandikane Sang Guru Jagad sing wis pana ing dumadi. Ala-becik bener-luput wus tan magepokan karo AKU-NYAWANG.
- raos nyingkiri punika kalebet patrapipun si Kramadangsa.
Kula ngantos gemes saingga kula ajani zeg Juffrouw, iya si Rasa Aku Nyawang iki si Pepunden, si guru Dewaji, ananging meksa trimah milih tetep dados ingkang memundi lan ingkang me-Guru kemawon, temtu pinanggih, piyambakipun milih ("karep") sing becik wae, pramila mesti angsal sing ala.
Anggenipun merangi raos "milih-nyingkiri" sarana sabda "sing apa-apa kwi dudu Aku" sanadyan si Karep mbyang-byangan.
Inggih punika anggledahi dampar-ing raos Aku-Nyawang.
SAKBADANIPUN PUNIKA gapura kencana ingkang nomer kaling temtu menga.
Dumugi semanten kemawon. Benjing yen kepanggih malih dipun lajengaken. Mugi-mugi, raos hoyag-hayig sampeyan sampun malih dados raos tatag-tentrem.
Nyela: boten dangu malih sang Pepadang bade "rawuh" ing paman Dewantara.
nir titi
rakanta,
wg Suryamentaram
Daftar Istilah
Belanda
Juffrouw | : | Miss, mademoiselle (Inggris), nona, panggilan kehormatan untuk wanita yang belum menikah, seorang guru wanita |
zeg | : | Hey! (Inggris) He! (kata seru untuk memperingatkan) |
Jawa dan Sansekerta
weweka | : | prayitna, saya menyamakan ini dengan pure observation-nya Jiddu Krishnamurti |
saiki-kene | : | saya menyamakannya dengan the future is now-nya Jiddu Krishnamurti |
uwung-uwung | : | ruang hampa, kosong, saya menyamakannya dengan futureless silence-nya Jiddu Krishnamurti |
awang-awang | : | angkasa tak bertepi |
haywa, aywa | : | let it not (Inggris), jangan |
maras | : | kumesar, mir, bimbang, khawatir, sumelang |
aywa maras tyasira | : | aja sumelang atimu, saya menganalogikannya dengan laa tai asu, laa taqnathu, atau laa tahzan (terjemahan ngawur saja, hehehe) |
munasika | : | bendu, murka |
krasa-ngerti-weruh piyambak | : | saya menganalogikannya dengan ilmulyaqin-ainulyaqin-haqulyaqin. |
nutuh dan mupus | : | nutuh itu saya analogikan dengan tindakan mu'tazilah, sedangkan mupus jabbariyah. |
gugon-tuhon | : | ngandel marang prakara sing dianggep duwe kadayan ngungkuli kodrat, mangka sanyatane ora (percaya pada perkara yang dianggap punya kekuatan melebihi kodrat, padahal sebenarnya tidak) |
nirtiti | : | sekian dulu, bersambung to be continued → (nir=tidak + titi=tamat), sekian → (nir=habis + titi=tamat) tanpa-tanggal → (nir=tanpa + titi=tanggal) |
rakanta | : | your older brother (Inggris), sedulur lanang, kakakmu (raka + ta) |
Pepunden | : | yang dikeramatkan, yang dihormati |
Terjemahan Bahasa Indonesia Wiridan